CRITane Sardot karo Sodron iku murid SMA sing ndugal.. koyo isuk mau pas jam pelajaran.. eeee.. malah podho mbolos neng kuburan trus ngudud karo ngobrol.. Sodron : aku wingi mulih sekolah dicegat cah SMK sebelah dot.. Sardot : cah piro sing nyegat? Sodron : cah 5 dot.. aku dewean.. Sardot : trus piye dron? Sodron : aku dipalak.. dijaluki duit dot.. Sardot : trus? Sodron : aku wegah.. ora gelem.. Sardot : wuih.. hebat.. trus? Sodron : aku dikroyok rame-rame dot.. Sardot : waduh.. trus? Sodron : aku murko!!!! Sardot : YESS!!! kudune pancen ngono dron.. trus menang to? Sodron : aku menang..... Sardot : (lego) sodron : ...... . . . . . menang.. is.. semalaman dot.. awakku babak bunyak ra karuan.. hiks.. hiks.. hiks Sardot tibo ngglimpang trus tangi maneh.. Sardot : kowe pancen ngisin-isinke almamater!!! Sodron : lha musuhku wong 5 dot.. Sardot : orane aku nyombong yo dron... Sodron : piye dot? Sardot : winganane aku mulih sekolah nyegat bis 3/4 to... ndilalah pas aku munggah, penumpange CAH SMK SEBELAH KABEH!!! KEBEK MENCEP!!!! Sodron : modiar kowe dot!!! Sardot : sori.. aku ora pengecut koyo kowe.. Sodron : trus piye? Sardot : bocah-bocah SMK mau podho mendelik kabeh nyawang aku... Sodron : aduh.. trus piye dot? Aardot : kiro-kiro 5 menitan mlakune bis.. cah-cah kuwi mulai podho ngadeg karo bisik-bisik trus nyedhaki aku... Aodron : duh gusti paringono ninja 4 tak.. trus piye? Sardot : aku ora wedi.. trus melu ngadeg.. Aodron : trus piye dot? Sardot : raiku adu arep karo munyuk-munyuk kuwi... Sodron : wah.. sangar.. trus? Sardot : aku mung muni 2 UKORO TOK.. bocah-bocah kuwi langsung podho mundur dron.. aku diwenehi dalan.. Sodron : mundur? Sardot : mundur kabeh.. Sodron : Podho wedi dot? Sardot : wedi kabeh.. Sodron : kowe menang dot? Sardot : aku menang tanpo reang dron.. sardot kok dilawan.. hehehe.. Sodron : ediaaan!!! jebul kowe nduwe kesaktian yo dot? ckckck dukunmu wong endi? aku tak melu.. Sardot : lho?? sing sekti ki sopo?? Sodron : lha kuwi jare kowe mung muni 2 UKORO tok njuk mundur kabeh?? Sardot : oh.. nek kuwi uduk sekti dron.. wong aku mung muni....... . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . ...KIRIIIIIII PAAAAAKK !!!! *Sodron ngemut nisan