Syair-Syair Wali Tanah Jawa 1. Puji-pujian Rukun Iman-1 (qobla subuh) سُبْحَانَ ا للَّهِ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ.. وَلاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهُ وَا للَّهُ أَكْبَرْ .. لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ ..بِا للَّهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ. آمَنْتُ بِا للَّهِ وَمَلاَئِكَتِهِ (اللّه)وَكُتُبِهِ وَرَسُولِهِ ..، وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَبِالْقَدَرِ خَيْرِهِ .. وَشَرِّهِ مِنَ ا للَّهِ تَعَالَى.. عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُمْ بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُوْنَ ------------------------------------------------------------------------ 1.a.Puji-Pujian Rukun Iman-2 (‘Isya) يَا رَسُوْ..لَ اللَّهْ- اَللَّهْ- سَلاَمٌ عَلَيكْ يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ-نِ وَالدَّرَج ِ Rukunipun iman wajib den weruhi Nenem cacahe bejo wong kang meruhi (1)Siji ngandel wujude Alloh tan mamang Dzat kang gawe kabeh mahluq tanpo rewang Kabeh mahluq bakal sowan mring pengeran Kaprikso olo becik lakuning badan Panca ndriyo limo matur ijen-ijen Datan biso gorohake ing pendangon (2)Loro ngimanaken malaekate Alloh Den titahake ngibadah mring dzate Alloh Malaekat tanpo romo ibu sami Moho nuce-ake Alloh rino wengi Lan kang ngrekso kabeh mahluq langit bumi Nyuwunake kabejan mring jalmo sami Lan kang dadi duta nurunke rejeqi Sekehe leloro sepadane gonta-ganti (3)Telu ngimanake mring kitabe Alloh Den turunke mring utusane Alloh Nabi dawud katurunan kitab Zabur Musa katurunan Toret nggo pitutur Nabi Isa ngasto Injil keparingan Njeng nabi Muhamad keparingan Qur’an Kitab Qur’an mujizat kang dantan lawan Nyapengati mring jin serto insan Supangate Rosul kaungkulan Qur’an Mulo bejo wong kang nderek dawuh Qur’an Moco Qur’an toto kromo bener mapan Supangate Qur’an ngunggahake izinan Poro mahluq biso seneng sarto mapan Biso mangan ngumbe ugo berkah Qur’an (4)Papat ngimanaken mring utusane Alloh Rosul temen neka-ake dawuhe Alloh Alloh ngutus mring utusan kanggo conto Mring kito poro menungso kelawan nyoto Lan kang dadi obor jagat ingkang roto Sirnane utusan kito rusak lampah kito (5)Limo ngimanake dinone Qiyamat Dinone pungkasan ingkang lamat-lamat Bintang-rembulan bumi langit ajur bentusan Sirno ilang datan katon manungso kewan Poro mahluq sirno datan urip katon Sa’liyane Alloh dzat kang noto lelakon Sa’ banjure bumi ngetoke simpenan Metu saking kubur koyo wong kranjingan Tangi saking kubur bingung pating blulung Sambat njaluk tulung tan ono wongkang biso nulung Bapak biyung lali anak lali kadang Lali ngorat banget susah-e lan wirang Wotsirotol mustaqim lembut landep (rumbil) gonjang ganjing Yen ra-oleh pitulung nyemplung neroko manjing (6)Nenem ngimanake pestene pengeran Neroko suwargo pugkasan ono tenan Pesten wongkang angas mampang mring-da wuh Qur’an Den ancam neroko langgeng tan pungkasan Pesten wongkang nderek dawuh(e) Alloh lan utusan Den ebang suwargo widodari wildan Nyuwun kulo mring Alloh kang sifat Rohman Nitipno ing kito telogo poan Mugi ngrekso ing.. kito duh.. pengeran Sikso neroo..ko kubur-pitakonan Mugi nglebet..no.. ingkito kempal mu’min Lumebet ing suwargo Amin ya Amin ------------------------------------------------------------------------ 2.Puji-pujian rukun islam (maghrib) اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ.. Eling –eling wong urip bakale mati.. Ojo bungah maring dunyo mulyo mukti Luru ngelmu wong ngibadah ingkang ngerti.. Murih ngamal wiwit urip tumeko mati Wajib pasrah wong ngandel maring pengeran Sarto nderek marang nabi kang pungkasan Rukune islam iku limang perkoro.. (1) Ingkang dingin ngucapaken sahadat loro (2) Kaping pindo manjing wektu kudu solat (3) Kaping telu lamon sugih aweh zakat (4) Kaping papat puoso wulan romadhon (5) Kaping limo munggah haji lamon kuwoso. ------------------------------------------------------------------------ 3.Puji-pujian ati-ati urip ning alam dunyo (Isya) اَللّهُـمَّ صَلِّ.. صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ ا للَّهِ.. Sopo wonge wani ninggalake solat Titenono yen siro lagi sekarat Lara banget nganti ora biso sambat Ditekani pirang – pirang malaikat Sa’ wuse mati di.. kubur ditinggal lungo Ditekani malaikat ingkang loro Malaikat teko nggowo alat sikso Mulo ngati – ati urip ning alam ndunyo ------------------------------------------------------------------------ 4.Puji-pujian Laa Khaula (maghrib) لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ.. لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ.. إِلاَّ بِا للَّهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ....، إِلاَّ بِا للَّهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ Mboten wonten doyo lan mboten kiyat Mboten wonten doyo lan mboten kiyat Kejawi angsal pitu..lunge ..Alloh Kejawi angsal pitu..lunge ..Alloh Sifate Alloh kang moho luhur Sifate Alloh kang moho luhur Sifate Alloh kang moho Agung Sifate Alloh kang moho Agung ------------------------------------------------------------------------ 5.Puji-pujian lahir Nabi (magrib) اَللّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ ، يَارَبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ Gusti kanjeng nabi, lahire ono ing mekkah.., dinten isnen tanggal rolas tahun gajah.., ingkang ibu asmane siti aminah .., ingkang romo asmane sayyid Ngabdulloh. ------------------------------------------------------------------------ 5.a.Puji-pujian kehususan Nabi (habis wiridan solat) لَمْ يَحْتَلِمْ قَطُّ طَهَ مُطْلَقًا أَبَدَا Kanjeng Nabi Muhammad ora tahu ingimpi olo وَمَا تَثَائَـبَ أَصْلاً فِىْ مَدَى الزَّمَنِ Lan ugo o-ra tahu angob sa’lawase mongso مِنْهُ الدَّوَابُ فَلَمْ تَهْرَبْ وَمَا وَقَعَتْ Gegremetan ora podo mlayu maring njeng nabi ذُبَابَةٌ أَبَدًافِى جِسْمِهِ الْحَسَنِ Saking baguse badan laler menclok ora wani بِخَلْفِهِ كَأَمَامٍ رُؤْيَةً ثَبَتَا Podo wae priksaan mburi karo ngarepan وَلَايُرَى أَثْرُبَوْلٍ مِنْهُ فِيْ عَلَنِ Lan ora ono labete uyuh ingda-lem klahiran وَقَلْبُهُ لَمْ يَنَمْ وَالْعَيْنُ قَدْ نَعَسَتْ Lan penggalihe ora sa-re tapi peningale وَلَايُرَى ظِلُّهُ فِى الشَّمْسِ ذُوْفَطَنِ Lan lamon pepanasan tanpo o-no layange كَتْفَاهُ قَدْ عَلَتَا قَوْمًا إِذَاجَلَسُوْا Lan pundak lorone ngunggu-li wong le-lenggahan عِنْدَالْوِلاَ دَةِ صِفْ يَا ذَابِمُحْتَتَنِ Lan naliko den putro-a-ken wus den sunati هَذِه الَخَصَائِصُ فَاحْفَظْهَا تَكُنْ أَمِنَ Iki khosi-at rolas ayo podo den apalno مِنْ شَرِّنَارٍ وَسُرَقٍ وَمِنْ مِحَنِ Supoyo sla-met soko geni maling lan cubo ------------------------------------------------------------------------ 6. Puji-pujian solat jamaah اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ ، يَارَبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ Sing sopo wonge ora gelem jamangah solat, mengko ora ulih pitulikur drajat. He poro konco podo sregep jamangah solat, (mengko bakal ulih pitulikur drajat) ------------------------------------------------------------------------ 6.a.Puji-Pujian Ngajjilu (‘Isya) عَجِّلُوْا .. عَجِّلُوْا ..بِالصَّلاَةِ قَبْلَ الْفَوْت وَعَجِّلُوْا ..وَعَجِّلُوْا ..بِالتَّوْبَةِ قَبْلَ الْمَوْت Age age ayo Sholat.. mumpung durung ente'k wektune.. Age age ayo Taubat.. mumpung durung ke'tekan patine.. ------------------------------------------------------------------------ 7.Puji-pujian ketika azdan (Magrib) اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ ، يَارَبِّ صَلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ He sedulur sa uwise ono azdan ojo podo katungkul omong-omongan, enggal enggal podo wudu terus dandan, mlebu mesjid lakonono kesunatan, solat sunat ojo nganti ketinggalan nunggu imam sinambi puji-pujian, imam teko dikomati terus sembayang, bar sembayang ojogiri bubar durung wiridan. ------------------------------------------------------------------------ 8. Puji-pujian sahabat nabi diwulang Ngaji (magrib) اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ Abu bakar sohabat nabi Umar usman sayyidina ngali . Poro putro diwulang ngaji yen mboten saged pasrah pak kyai Ngaji qur’an, kitab, berzanji yen mboten saged tentune rugi.. Rugi ndunyo ora dadi opo rugi akherat bakal ciliko Ono ing kubur bakal disikso Mungkar nakir kang bakal nyikso… ------------------------------------------------------------------------ 9.Puji-pujian sahabat Ngaji awit cilik(Isya) عِبَادَاللَّهْ.. رِجَالَ اللَّهْ..أَغِيْثُنَا لِأَجْلِ اللَّهْ وَكُنُوْا عَوْنَنَالِلَّهْ..عَسَى نَحْظَى بِأَجْلِ اللَّهْ Wiwit cilik diwulang ngaji Besuk gede dadi wong aji Ngaji iku okeh ragade Ojo eman marang sangune Bocah cilik ayo podo ngaji Besuk gede supoyo ngerti Ngaji iku suwe mangsane Ojo wegah marang angele Senejan angel koyo ngopo Suwe suwe mesti biso Ayo konco neng madrasah Papan ngaji Bocah –bocah Ojo ngaji semoyo tuwo Durung karuan umurmu dowo Ojo ngaji sumoyo sugih During sugih nyowo wis mulih ------------------------------------------------------------------------ 10. Puji-pujian Sayyidul istighfar (ashar) أَللَّهُـمَّ أَنْتَ رَبِّىْ .. لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ خَلَقْتَنِيْ وَاَنَا عَبْدُكَ وَاَنَا عَلَى عَهْدِكَ..وَوَعْدِكَ مَا اسْتَطَعْتُ أَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّمَا صَنَعْتُ أَبُؤُ لَكَ بِنِعْمَتِكَ عَلَيَّ وَأَبُؤُبِذَنْبِيْ فَاغْفِرْلِيْ فَإِنَّهُ لاَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ إِلاَّ أَنْتَ . ------------------------------------------------------------------------ 11. Puji-Pujian Istighfar Minkulli Zdambi اَسْتَغْفِرُاللّهَ الْعَظِيمْ ..، مِنْ كُلِّ ذَنْبِ الْعَظِيمْ لاَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ إِلاَّ رَبُّ الْعاَ لَمِيْن ------------------------------------------------------------------------ 12. Puji-Pujian Istighfar Mugi Muwuhi Rohmat (cocok subuh) اَسْتَغْفِرُاللَّهَ الْعَظِيمْ .. اَسْتَغْفِرُاللَّهَ الْعَظِيمْ .. اَسْتَغْفِرُاللَّهَ الْعَظِيمْ اِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَحِيمْ Gusti alloh kulo nyuwun ngapuro 2x Sekathahe duso kulo Duso agung kelawan ingkang alit Mboten wonten ingkang saged ngapuro 2x Sanesipun Tuhan kang moho agung Kang ngratoni sekathahe poro ratu Nggih meniko Alloh asmane 2x Kang kagungan sifat Rohman Kang kagungan sifat Rokhim اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ.. اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ.. سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَّ عَلىَ آلِهِ مُحَمَّدْ Gusti Alloh mugi muwuhi Rohmat 2x Dumateng kanjeng nabi Muhammad Soho dateng kawulo warganipun لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ .. لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ ..إِلاَّ بِا للَّهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهْ.. لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهْ.. مُحَمَّدٌ رَّسُوْلُ اللَّهْ.. صَلَّ اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمْ ------------------------------------------------------------------------ 13. Puji-pujian istighfar robbal baroya (cocok di subuh) أَسْتَغْفِرُاللَّهْ.. رَبَّ الْبَرَايَا أَسْتَغْفِرُاللَّهْ.. مِنَ الْخَطَايَا رَبّـِيْ زِدْنِيْ عِلْمًا نَافِعَا.. وَوَافِقْنِيْ عَمَلاً صَالِحَا.. وَأَغْنِيْ رِزْقًا حَلَلاَ.. وَأكْتُبْ عَلَيْنَا تَوْبَةً نَصُوْحَا.. وَأكْتُبْ عَلَيْنَا تَوْبَةً نَصُوْحَا.. يَاحَنَّانُ يَامَنَّانُ يَادَيَّانُ يَاسُلْطَانْ ------------------------------------------------------------------------ 14. Puji-Pujian Istighfar Masayikhina أَللَّهُـمَّ اغْفِرْلَنَا ذُنُوْبَنَا وَلِوَالِدِنَا وَ لِمَشَا يِيْحِنَا وَلِجَميْعِ الْمُسْلِمِيْن وَالْمُسْلِمَاتْ Duh gusti kulo nyuwun ngapuro Sekathahe duso kulo… Lan dosane tiang sepah kalih kulo Lan dosane guru(guru) kulo Lan dosane tiang islam lanang wadon Lan dosane mukmin lanang lan mukmin wadon ------------------------------------------------------------------------ 15. Puji-Pujian Istighfar Robbana Zdolamna رَبَّنَايَا رَبَّنَا ..، رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَإِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا ...وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّا مِنَ الْخَاسِرِينْ ------------------------------------------------------------------------ 16. Puji-Pujian Istighfar Allohhummaghfirli (Isya) أَللَّهُـمَّ اغْفِرْ لِيْ ذُ نُوْبِيْ وَلِوَالِديَّ وَارْ حَمْهُمَا .. وَارْ حَمْهُمَا ..كَمَا رَبَيَانِيْ صَغِيْرَا Ya Alloh kulo nyuwun ngapuro Sekathahe duso kulo… Lan dosane bapak ibu kulo Ugi umat islam sedoyo 2x ------------------------------------------------------------------------ 17. Puji-Pujian Istighfar Khayul Qoyyumu (‘Asar/magrib/Isya) اَسْتَغْفِرُاللَّهَ الْعَظِيمْ .. أَلَّذِي لاَ إِلَهَ.. . إِلاَّ هُوَالْحَيُّ الْقَيُّوْمُ. . وَأَتُوْبُ إِلَيْهِ ------------------------------------------------------------------------ 18. Puji-Pujian Istighfar Ya Khayyu yaQoyyumu (‘Asar/subuh) يَا حَيُّ يَا قَيُّومْ.. لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا حَيُّ يَا قَيُّومْ.. لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ سُبْحَانَكَ إِنِّيْ ..سُبْحَانَكَ إِنِّيْ كُنْتُ مِنَ الظّاَلِمِينْ ------------------------------------------------------------------------ 19.Puji-Pujian Istighfar Asyhadu alla (waktu sahur) أَشْهَدُ أَنْ لاَإلَهَ إِلاَّاللَّهْ... اَسْتَغْفِرُاللَّه..أَسْأَلُكَ الْجَنَّةَ- وَأَعُوْذُبِكَ مِنَ النَّارْ..أَللَّهُـمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ. . تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّيْ.. ------------------------------------------------------------------------ 20.Puji-Pujian Istighfar Afuwwun Karim (maghrib) أَللَّهُـمَّ إِنَّكَ عَفُوٌّ كَرِيمْ. . تُحِبُّ الْعَفْوَ فَاعْفُ عَنِّيْ يَا كَرِيمْ.. Duh gusti alloh kulo nyuwun dipun ngapunten Sekathahe duso kulo enjang sonten Menawi mboten ya Alloh dipun ngapunten Ingkang bade paring maghfiroh puniko sinten ------------------------------------------------------------------------ 21.Puji-Pujian Istighfar Birohmatikal Wasinga (subuh) لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا.. أَرْحَمَ الرَّاحِمِينْ.. إِ رْحَمْنَا.. بِرَحْمَتِكَ الْوَاسِعَةْ ..يَا حَيُّ يَا قَيُّومْ .. يَاغَفَّارالذُّنُوبْ.. يَاذَا الْجَلالِ وَالْأِكْرَامْ.. آمِتْنَا عَلى الدِّيْنِ الْإِسْلاَمْ ------------------------------------------------------------------------ 22.Puji-Pujian Istighfar Subhanaka Inni (subuh) لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ .. سُبْحَانَكَ إِ نِّيْ .. كُنْتُ مِنَ الظَّالِمِينْ ------------------------------------------------------------------------ 23.Puji-Pujian Khusnul Khotimah اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهْ...أَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينْ مُحَمَّدٌ رَسُوْلُ اللَّهْ...صَادِقُ الْوَعْدِ الْآمِينْ Ya Alloh kulo nyuwun umur panjang ingkang berkah Ya Alloh i kulo nyuwun benjang pejah husnul khotimah ------------------------------------------------------------------------ 24.Puji-Pujian Anta Salam اَللَّهُـمَّ أَنْتَ السَّلَامْ ، وَمِنْكَ السَّلاَمْ ، وَإِلَيْكَ يَعُوْدُ السَّلاَمْ ، فَحَيِّنَا رَبَّنَا بِالسَّلاَمْ ،وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ دَارَالسَّلاَمْ ------------------------------------------------------------------------ 25.Puji-pujian Sapu Jagat رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيا حَسَنَةْ وَفِي الآخِرَةِ حَسَنةً وَّ قِنَا عَذَابَ النَّارْ Duh gusti Duh gusti paring rohmat kesahenan kesahenan wonten ing dunyo Keslametan wonten akherat.. [ubd] ------------------------------------------------------------------------ 26.Puji-pujian Njaluk udan (Maghrib saat kemarau) اَللَّهُـمَّ أَسْقِنَا غَيْثَا مُغِيْثَا وَلاَ تَجْعَلْنَا مِنَ الْقَانِطِينْ Duh gusti Alloh mugi nyiram kulo Kelawan udan ingkang nylametaken إِسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّاراَ يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُمْ مِدْرَاراَ وَيُمْدِدْكُمْ بِأَمْوَالٍ وَّبَنِينَ وَيَجْعَلْ لَكُمْ جَنَّاتٍ وَّيَجْعَلْ لَكُمْ أَنْهَاراَ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيا حَسَنةْ وَفِي الآخِرَةِ حَسَنةً وَّقِنَا عَذَابَ النَّارْ ------------------------------------------------------------------------ 27.Puji-pujian Tauhid (Isya) لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهْ.. هُوَ اللَّهْ خَالِقُ الْعِبَادْ.. مِنَ الْعَدَامْ وَإِلىَ الْوُجُودْ.. ثُمَّ الْعَدَامْ بَعْدَ الْوُجُودْ صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس~ حَبِيْبِ اللَّهْ Aku biyen ora ono Lan Saiki dadi ono Besok meneh ora ono Podho bali maring Rahmatulloh Ayo-ayo podho ngibadah Mumpung isih ono uripe Badan siji digowo mati Ojo koyo kebo sapi Luwih eco luwih Mulyo Rasane wong ning suwargo widodari Patang puluh loro Kasur babut mendhut-mendut Kursi gading ranjang kencono Klambu sutro ditetes Inten Cawisane wong kang bekti Maring pengeran kang Moho suci Luwih loro luwih susah Rasane wong ning neroko Klabang geni Ulo geni Rantai geni Godho geni Cawisane wong kang dosa Gumampang dawuh pengeran Ojo gumampang Tinggal sembahyang Ono tangis Kelayu-layu Tangise wong wedi mati Digedongono dikuncenono Wong mati mongso wurungo ------------------------------------------------------------------------ 28.Puji-pujian Rojab jelang Romadhon-1 (‘Asar) أَللَّهُـمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَشَعْبَانَ .. أَللَّهُـمَّ بَارِكْ لَنَا فِى رَجَبَ وَشَعْبَانَ .. أَللَّهُـمَّ بَارِكْ لَنَا وَبَلِّـغْنَا رَمَضَانَ أَللَّهُـمَّ بَارِكْ لَنَا وَبَلِّـغْنَا رَمَضَانَ Yalloh gusti kito nyuwun berkahipun wulan rojab Yalloh gusti kito nyuwun berkahipun wulan sa’ban Yalloh gusti kito nyuwun berkahipun wulan romadhon Yalloh gusti kito nyuwun menangi wulan romadhon ------------------------------------------------------------------------ 29.Puji-pujian Romadhon-2 مَرْحَبًا يَاشَهْرُ رَمَضَانْ.. مَرْحَبًا شَهْرُ الصِّيَامِ مَرْحَبًا شَهْرُالْعِبَادَةْ.. مَرْحَبًايَا خَيْرَ خَلْقِ اللَّهْ عَالِمُ سِرٍّ وَّأَخْفَى .. مُسْتَجِيْبُ الدَّعَوَاتِ رَبِّ فَارْ حَمْنَا جَمِيْعَا.. وَامْحُ عَنَّا السَّيِّئاَتِ رَبِّ فَارْ حَمْنَا جَمِيْعَا.. بِجَمِيْـعِ الصَّالِحَاتِ ------------------------------------------------------------------------ 30.Puji-pujian Romadhon-3 (Magrib & Isya) رَمَضَانُ قَدْ جَاءَ نَا فَبِجَاءِ رَمَضَانَ رَبِّ لَقَدْ حَازَالْمُنَا مَنْ هُوَ أَحْيَى شَهْرَنَا فِيْهِ لَيْلَةُ قَدْرِنَا رَبِّ آتِـيْهَا إيّاَ نَا فِيْ قَدْ عَلَى ثَوَابَنَا ثَوَابَ اَلْفِ شَهْرَنَا بِالَّذِيْ يُجِيْبُ بِنَا فِى عَظِيْمِ سَيِّدِنَا سَيِّدِنَا أَحْمَدِنَا صَلَّى عَلَيْهِ رَبُّنَا Qito Syukur mring pengeran datenge wulan romadhon Bejo sekabehe insan kang miturut dedawuhan Sampun nampeni ganjaran laelatul qodri minna syahr peparingan mring ganjaran lir ganjaran sewu wulan Duh gusti mugi kasihan welasan mring abdi Tuan Mring agunge kasih Tuan jeng Muhammad kang –pungkasan. ------------------------------------------------------------------------ 31.Puji-pujian solli wasallimda (Isya) صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ...2x وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. Eman eman temen wong bagus ora sembayang Eman eman temen wong bagus ora sembayang Nabi yusuf luwih bagus yo sembayang 2x Eman eman temen wong ayu ora sembayang Eman eman temen wong ayu ora sembayang Siti Fatimah luwih ayu yo sembayang 2x ------------------------------------------------------------------------ 32.Puji-pujian allohumarhamni bilqour’an (magrib/isya) أَللَّهُـمَّ ارْ حَمْنِيْ بِالْقُرْآنْ.. وَاجْعَلْهُ لِيْ إِمَامًا وَنُوْرًا وَهُدًى وَّرَحْمَةْ.أَللَّهُـمَّ ذَكِّرْنِيْ.. مِنْهُ مَا نَسِيْتُ وَعَلِّمْنِيْ مِنْهُ مَاجَهِلْتُ..وَارْزُقْنِيْ تِلاَوَتَهُ آنَاءَ الَّيْلِ وَأَطْرَافَ النَّهَارْ..وَاجْعَلْهُ .. حُجَّةً لِيْ .. يَا رَبَّ الْعَالَمِينْ. ------------------------------------------------------------------------ 33.Puji-pujian hasbunalloh (Dzuhur) حَسْبُنَاللَّهْ وَنِعْمَ الْوَكِيلْ .. نِعْمَ الْمَوْلَى وَنِعْمَ النَّصِيرْ ------------------------------------------------------------------------ 34.Puji-pujian Allohul kafi (Dzuhur) اللَّهُ الْكَافِ رَبُّنَا الْكَافِ قَصَدْنَا الْكَافِ وَجَدْنَا الْكَافِ لِكُلِّ الْكَافِ كَافَنَا الْكَافِ وَنِعْمَ الْكَافِ ـ اَلْحَمْدُ لِلَّهْ ------------------------------------------------------------------------ 35.Puji-pujian urip neng alam ndunyo (‘Isya) اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ مُحَمَّدٍ .. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِينْ Urip neng alam ndunyo ora sa’lawase Koyo wong lelungan ono dalan mampir ngombe Omah gedung suwargo kanggo wong kang podo iman Utawa neroko kanggo wong kang nurut setan 36.Puji-pujian solawat nariyah (maghrib) ------------------------------------------------------------------------ 37.Puji-pujian Solawat Nuril Anwar (Magrib) اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ نُوْرِ الْأَنْوَارْ.. وَسِرِّ الْأَسْرَارْ وَتِرْيَاقِ الْأَغْيَارْ..وَمِفْتَاحِ بَابِ الْيَسَارْ.. سَيِّدِنَا وَمَوْلَنَا.. مُحَمَّدِنِ الْمُخْتَارْ.. وَ آلِهِ الْأَطْهَارْ وَأَصْحَابِهِ الْأَخْيَارْ .. عَدَدَ نِعَمِ اللَّهِ وَإِفْضَالِهْ ------------------------------------------------------------------------ 38.Puji-pujian solawat tibbil qulub اَللَّهُـمَّ صَلِّ.. عَلىَ سَيِّدِنَا.. مُحَمَّدٍ طِبِّ الْقُلُوْبِ وَدَوَائِهَا.. وَعَافِيَةِ الْأَبْدَانِ وَشِفَائِهَا .. وَنُوْرِالْأَبْصَارِوَضِيَاِئهَا .. وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ ------------------------------------------------------------------------ 38.a.Puji-pujian solawat Nurizdati اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا (وَمَوْلَنَا)مُحَمَّدِ نِ النُّو رِ الّذَاتِىْ وَالسِّرِّ السَّارِىْ فِى سَائِرالْاَسْمَاءِ وَالصِّفَاتِ ـ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمْ 38.b.Puji-pujian solawat Jalbur rizqi اَللّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ.. سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ.. صَلاَةً تُوَسِّعُ بِهَا عَلَيْنَا الْاَرْزَقْ .. وَتُحَسِّنُ بِهَا لَنَا الْاَخْلاَقْ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلِّمْ ------------------------------------------------------------------------ 38.c.Puji-Pujian Maula yasol (‘Isya) مَوْلاَيَ صَلِّ وَسلِّمْ دَائِمًا أَبَدَا * عَلَى حَبِيْبِكَ خَيْرِ خَلْقِ كُلِّهِمِ هُوَالْحَبِيْبُ الَّذِيْ تُرْجَى شَفَعَتُهُ * لِكُلِّ هَوْلٍ مِّنَ اْلاَهْوَالِ مُقْتَحِمِ يَارَبِّ بِالْمُصْطَفَى بَلِّغْ مَقَاصِدَنَا* وَاغْفِرْ لَنَامَامَضَى يَاوَاسِعَ الْكَرَمِ ------------------------------------------------------------------------ 39.Puji-pujian do Elingo (‘Asar) اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ.. Do elingo iki zamane wis tuwo Tuntunan agomo do dianggep kuno Lakonono ajarane wali songo Sing ra kerso ojo nyacad ojo ngino Ajarane wali songo werno-werno Dzikir tahlil kirim dungo lakonono Moco qur’an lan sholawat kuli’ noho Ziaroh kubur ojo nganti dilale’no Ono carane dakwah klawan budoyo Umpamane koyo sunan kali jogo Pituture mlebu ati ora kroso Tuntunan Agomo biso di amalno Wis kabukten rikolo zaman sa’mono Akeh poro manungso nyembah braholo Banjur sadar laku musyrik ditinggalno Podo nderek ajarane wali songo ------------------------------------------------------------------------ 40.Puji-Pujian Mujahadah Mbah Damsuqi (Acara Mujahadah) اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ Ono gajah mangani roti Ono pitik mangan krupuk Mujahadah nentremke ati Nyatane ratahu umuk ------------------------------------------------------------------------ 41.Puji-pujian Eling-Eling Siro Menungso (‘Isya) صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس~ حَبِيْبِ اللَّهْ Eling-eling siro manungso Temenono anggonmu ngaji mumpung durung ketekanan Malaikat juru pati Luwih susah luwih loro Rasane wong nang neroko Klabang kores ketunggeng kolojengking Klabang geni ulo geni Alah rante geni gada geni Cawisane wongkang duroko Wongkang mampang dawuh pangeran Gumampang dawuh pangeran Luwih mulyo luwih mukti Rasane wong ono suwargo Patang puluh loro widodari Kasur babut gari ngenggoni Cawisane wongkang bekti dawuh pengeran kang moho suci ------------------------------------------------------------------------ 42.Puji-pujian Ayo Ngibadah (“Isya) اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ.. Sdoyo dulur mumpung isih waras Ayo ngibadah sartane ikhlas Tuwo enom podo mikiro Jeneng manungso mesti le loro Yen wis loro banget susahe Badan apes eling salahe Dek ngrasani ora berduli Ngamal bagus den-lali lali Sdoyo dulur monggo dho ngaji Gawe sangu besuk yen mati Perkoro repot kudu den bagi Godhane setan ojo dituruti Sebab wong mati iku wis mesti Lamon ra ngaji bakale rugi Ono kubur setengah mati Mungkar lan nakir podho nggebugi Wong tuwo loro wajib nuturi Marang anake den wulang ngaji Yen raiso pasrah mbah kyai Supoyo mbesuk biso manfangati ------------------------------------------------------------------------ 43.Puji-Pujian Sandangane Diganti Putih (‘Asar) صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس~ حَبِيْبِ اللَّهْ Sandangane diganti putih Mertanda’no raiso mulih, raiso mulih Tumpakane kereto jowo rodo papat rupo menungso ditutupi anjang-anjang diurugi disiram kembang tonggo-tonggo podo nyawang podo nangis koyo wong nembang ------------------------------------------------------------------------ 44.Puji-Pujian Toto Kromo اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ Wajib anak neng wong tuwo Kudu nganggo toto kromo Tindak tanduk kang prayogo Una uni ojo sembrono Kon sekolah kudu mangkat Dikon ngaji kudu ngerti Saben wektu kon sembayang Siro kabeh wajib tumandang Ayo poro konco-konco Saben sore mangkat ngaji Lamon siro ora ngaji Nganti tuwo ora ngerti 45.Puji-Pujian Zakat اَللَّهُـمَّ صَلِّ عَلىَ... مُحَمَّدْ شَافِـعِ الْآ نَامْ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ... وَسَلِّمْ عَلىَ دَوَامْ Wong Islam kang menangi Surupe wulan romadhon Kewajiban zakat fitrah Patang mud bahan pikuat Zakat pari sepuluh persen Lamon ora ragad banyu Yen ragad banyu Limang persen Kang liyo neng kitab lan guru ------------------------------------------------------------------------ 45.Puji-Pujian Haji لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّهْ...اَلْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِينْ مُحَمَّدٌ رَّسُوْلُ اللَّهْ... صَادِقُ الْوَعْدِ الْاَمِينْ Lamon kuoso lungo haji Ojo lali sing dinafkahi Haji iku cukup mung siji Maslahat tonggo jo nganti lali Ihrom wukuf towaf lan sangi Tahallul ngetho’ rambut tlungiji Yen wukuf ra dilakoni Tahun sa’ bare wajib mbaleni ------------------------------------------------------------------------ 46. Puji-Pujian Saben malem jum’at صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ... وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. Saben malem jum’ah ahli qubur tilik omah Saben malem jum’ah ahli qubur tilik omah Perlu nyuwun ayat qur’an sa’ kalimah Lamun ora diwenehi banjur bali karo mrebes mili Bali meng kuburan nyunggi tangan karo tetangisan ------------------------------------------------------------------------ 47. Puji-Pujian gusti kulo nyuwun udan اَللَّهُ يَا كَرِيمْ أَنْزِلْ عَلَيْنَا ×2 مِنَ السَّمَاءِ مَاءً مِدْرَارَا ×2 Gusti kulo nyuwun udan ingkang deres Gusti kulo nyuwun udan ingkang deres Supoyo bumi teles supoyo pikiran anyes Supoyo bumi teles supoyo pikiran anyes ------------------------------------------------------------------------ 48.Puji-Pujian Urip pisan (‘Isya) اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ.. Urip pisan ora mung jajal-jajalan Ngamal iro anekseni tahun wulan Lawas-lawas siro bakal ketimbalan Mring ayunaning Alloh Ambal-ambalan Ojo demen rambut dowo ireng dadi Mbesuk tuwo uwan mumpluk koyo medi Menyang langgar menyang mesjid podo ngaji Sapuh anem mboten dipun wiji-wiji ------------------------------------------------------------------------ 49. Puji-Pujian koyo urip sa’lawase اِعْمَلْ لِدُنْيَاكَ كَأَنَّكَ تَعِيْسُ أَبَدًا وَاعْمَلْ لِآخِرَتِكَ كَأَنَّكَ تَمُوْتُ غَدًا ------------------------------------------------------------------------ 50. Puji-Pujian Ojo dumeh (Maghrib) صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ... صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ... وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ.. Ojo dumeh pinter banjur do keminter 2x Pinter yen ora bener uripe bakal keblinger 2x Ojo dumeh ayu banjur do kemayu 2x Elingono tuwomu ompong peyot ora ayu 2x Ojo dumeh sugih banjur do semugih 2x Bondo iku mung nyilih mbesuk bakale mulih 2x Ojo dumeh mlarat banjur ragelem sholat 2x Mlarat yen ora sholat rugi dunyo lan akherat 2x ------------------------------------------------------------------------ 50. Puji-Pujian Sollallohu ‘alayasin (‘Asar) صَلَّ اللَّهُ عَلَى يـسٍ ... اَحْمَدَالْهَادِ الْآمِينْ وَآلِهِ وَصَحْبِهِ ... وَصَحْبِهِ اَجْمَعِينْ ------------------------------------------------------------------------ 51. Puji-Pujian Ilaahilas (suasana sedih) اِلَهِىْ لَسْتُ لِلْفِرْدَوْسِ اَهْلاَ .. وَلاَ اَقْوَى عَلَى النَّارِ الْجَحِيْمِ فَهَبْ لِىْ تَوْبَةً وَّاغْفِرْذُنُوْبِ.. فَاِنَّكَ غَافِرُ الذَّنْبِ الْعَظِيْمِ ذُنُوْبِيْ مِثْلُ أَعْدَادِ الرِّمَـالِ فَهَبْ لِيْ تَوْبَةً يَا ذَالْجَلاَلِ وَعُمِرِيْ نَاقِصٌ فِيْ كُلِّ يَوْمٍ وَذَنْبِيْ زَائِدٌكَيْفَ احْتِمَالِ Duh gusti kulo sanes ahli suwargo Nanging kulo mboten kiyat wonten neroko Mugi gusti kerso amaringi taubat Lan ngapuro dosa lampah ingkang lepat Duso kulo kados pasir ing segoro Mugi nampi tobat, Alloh ingkang mulyo Umur kulo suda ing sak bendintene Duso kulo tambah dos-pundi kulo nyanggane ------------------------------------------------------------------------ 52. Puji-Pujian Sifat Alloh wujud اَللَّهْ وُجُودْ قِدَامْ بَقَاءْ - مُخَالَـفَةُ لِلْحَوَادِثِ قِيَامُهُ بِنَفْسِهِ – وَحْدَانِيَةْ قُدْرَةْ اِرَادَةْ عِلْمُ حَيَّةْ سَمَعْ بَصَرْ كَلاَمْ – قَا دِرًا مُوْرِدًا عَالِمًاحَيًّا سَامِعًا بَصِيْرًا مُتَكَلِّمًا Rongpuluh sifat wajibe Alloh Sifat mukhale ugo rongpuluh Siji sifat wenange Alloh فِعْلُ مُمْكِنٍ اَوْ تَرْكُهُ. ------------------------------------------------------------------------ 53. Puji-Pujian Pentil Dzikir (‘Asar) اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ عَبْدُكَ وَنَبِيُّكَ وَرَسُوْلُكَ النَّبِيِّ الْاُ مِّيِّ. Witing iman, godong Syahadat Kembang Sholawat Pentil Zdikir wohe Puji-pujian Ya Alloh .. Amin Amin ya Alloh Robbal ‘aalamin ------------------------------------------------------------------------ 54. Pujian Mlangi Sebelum isya bertarwih اَللّه..هُـمَّ صَ.. صَلِّ وَ..سَلِّمْ عَلىَ..، سَ..يِّــدِ..نَا.. مُ..حَمَّ..دٍ ، عَدَ..دَ.. مَا فِى عِلْ..مِ ا للَّهِ ..صَلاَةً دَائِمَ..ةً بِ..دَ..وَامِ ..مُلْ..كِ اللَّهِ.. ------------------------------------------------------------------------ 55. Pujian Mlangi Setelah isya (Qobliyah Tarawih) لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللَّــهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ يُحْيِ وَيُمِيْتُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْئٍ قَدِيْر.. لاَ حَوْلَ وَلاَ قُوَّةَ إِلاَّ بِا للَّهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيمْ. اَللَّهُـمَّ لاَ مَانِعَ لِمَا اَعْطَيْتَ وَلاَ مُعْطِيَ لِمَا مَنَعْتَ وَلاَ هَادِيَ لِمَا اَضْلَلْتَ وَلاَ مُبَدِّلَ لِمَا حَكَمْتَ وَلاَ رَادَّ لِمَا قَضَيْتَ وَلاَ يَنْفَعُ ذَالْجَدِّ مِنْكَ الْجَدُّ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ- اَللَّهُـمَّ.. صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ عَبْدِكَ وَرَسُوْلِكَ النَّبِيِّ الْاُ مِّيِّ.. وَ عَلىَ آلِهِ وَصَحْبِهِ وَبَارِكْ وَسَلِّمْ. ------------------------------------------------------------------------ 56. Pujian Mlangi Allhummaso (Jam 12 malam/Setelah hutbah Hari Raya) اَللّهُـمَّ صَ..لِ عَلىَ مُحَمَّدْ .. يَارَبِّ صَ..لِ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ …x... ------------------------------------------------------------------------ 57. Puji-Pujian Sekarat Pati صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس~ حَبِيْبِ اللَّهْ Ojo siro banget-banget Nggonmu bungah ono ndonyo Malaikat juru pati lirak-lirik maring siro Nggone nglirik Malaikat Arep njabut nyowo siro Yen wes teko titi mongso Kudu budal ra keno semoyo Larane sekarat pati Sewu loro dadi siji Mergo urip podo lali Maring tuntunan Agami Ninggal Sholat ninggal ngaji Mong ma`siat seng dilakuni Mulo urip seng ati-ati Tembe mburi ben ora rugi Sopo wonge gelem iman, Taat miring dawuh Pengeran Uripe tukun semahyang Ora lali nderes Al-Qur`an Rino wengi seneng wiridan Amal sunnah dadi pakulan Lamun mati sekarate gampang Ora kroso babar pisan. ------------------------------------------------------------------------ 58.Puji-Pujian Tombo Ati اَللّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ.. Tombo ati iku ono limang perkoro Kaping pisan moco Qur’an sak manane Kaping pindho sholat wengi lakonono Kaping telu wong kang sholeh kumpulono Kaping papat weteng siro ingkang luwe Kaping limo dzikir wengi ingkang suwe Salah sawijine sopo biso anglakoni Insya Alloh gusti pengeran ngijabahi ------------------------------------------------------------------------ 59.Puji-Pujian Kerèta Jawa صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس~ حَبِيْبِ اللَّهْ Ayo kabèh para manungsa, Mumpung urip ning alam donya, Mbok ya padha-padha èlinga, Limang wektu ndang lakonana. Èlingana yèn wayah panggilan, Yèn wis budhal (o)ra kena wakilan, Disalini nganggo kain putih, Yèn wis budhal ora bisa mulih. Tumpakané Kerèta Jawa, Rodha papat rupa manungsa, Jujugané omah guwa, Tanpa bantal tanpa k(e)lasa. Omahé (o)ra ana lawangé, Turu dhéwé (o)ra ana kancané. Nyawané wis m(e)layang, Ragané kecemplung juglang, Ditutupi anjang-anjang, Diurug disawur kembang. Tangga-tangga padha nyawang, Padha nangis kaya wong nembang, ------------------------------------------------------------------------ 60.Puji-Pujian Getun temen صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ طَهَ رَسُوْلِ اللَّهْ صَلاَةُ اللَّهْ سَلاَمُ اللَّهْ عَلىَ يَس~ حَبِيْبِ اللَّهْ Getun temen ngungun temen Ngumur siji ora guno Sebab riya kelawan dengki Ora Ngabekti kang Moho suci Gede banget ganjarane Wong ngibadah netepi jamaah Karo lungguh nunggu imame Puji lan dzikir ing panggonane Eling-eling siro manungso Sadurung mati Podho tobato Tobat sakwise mati ojo Krono ora bakal den tompo ------------------------------------------------------------------------ 61.Puji-Pujian Naruddu bihal ‘A’da (ketika banyak maling) نَرُدُّ بِهَا الْأَعْدَاء ... ------------------------------------------------------------------------ 62.Puji-Pujian Momong Bayi (ketika menidurkan) اَللَّهُـمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ..، سَيِّدِنَاوَمَوْلَنَا مُحَمَّدٍ ، عَدَدَ مَا فِى عِلْمِ ا للَّهِ صَلاَةً ..، دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللَّهِ.. ------------------------------------------------------------------------ 63.Puji-Pujian Tawajuwan (pada jamaah toriqoh) اَللَّهْ- اَللَّهُـمَّ صَـــلِّ وَسَلِّمْ عَلىَ.. سَيِّدِنَا مُحَمَّدْ . وَ عَلىَ آلِ مُحَمَّدْ ... x... ------------------------------------------------------------------------ 64.Puji-Pujian Ba’da tarwih (sambil pukul bedug) اَللَّهُـمَّ صَـــلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ .. يَا رَبِّ صَـــلِّ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَسَلِّمْ اَللَّهْـ- ـهُـمَّ صَـــلِّ عَلىَ مُحَمَّدْ ..يَا ذَالْجَلاَلِ وَاْلإِكْرَمْ.. مِتْنَا عَلىَ دِيْنِ اْلإِسْلاَمْ.. صَـــلَّ اللَّهُ عَلىَ الْهَادِىْ صَـــلَّ اللَّهُ عَلىَ الْهَادِىْ مُحَمَّدْ.. شَفِيْعِ الْخَلْقِ فِىْ يَوْمِ الْقِيَامَةْ ------------------------------------------------------------------------ 65.Puji-pujian Muhammadun Basyar (Isya) صَلِّ وَ وَسَلِّمْ دَائِمًا عَلَى احْمَدَ x 2 وَالْآلِ وَالْأَصْحَابِ مَنْ قَدْ وَحَّدَ x 2 مُحَمَّدٌ بَشَارٌ لاَّ كَالْبَشَرِ x 2 بَلْ هُوَ كَالْيَقُوْتِ بَيْنَ الْحَجَرِ x 2 اَللَّهُـمَّ إهْدِنَا صِرَاطَ الْمُسْتَقِيمْ x 2 صِرَاطَ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِينْ x 2 ------------------------------------------------------------------------ 66. Puji-Pujian Amin ya amin (akhir-do’a) آمِنْ يَا آمِينْ - آمِنْ يَا اَللَّهْ اِسْتَجِبْ لَنَا - رَبَّ الْعَالَمِينْ Mugi mugiyo den sembadani Panyewun kulo dateng ilahi