Dagelan


SUBMITTED BY: Guest

DATE: June 5, 2013, 6:42 a.m.

FORMAT: Text only

SIZE: 2.7 kB

HITS: 1098

  1. CRITane Sardot karo Sodron iku murid SMA sing ndugal..
  2. koyo isuk mau pas jam pelajaran.. eeee.. malah podho mbolos neng kuburan trus ngudud karo ngobrol..
  3. Sodron : aku wingi mulih sekolah dicegat cah SMK sebelah dot..
  4. Sardot : cah piro sing nyegat?
  5. Sodron : cah 5 dot.. aku dewean..
  6. Sardot : trus piye dron?
  7. Sodron : aku dipalak.. dijaluki duit dot..
  8. Sardot : trus?
  9. Sodron : aku wegah.. ora gelem..
  10. Sardot : wuih.. hebat.. trus?
  11. Sodron : aku dikroyok rame-rame dot..
  12. Sardot : waduh.. trus?
  13. Sodron : aku murko!!!!
  14. Sardot : YESS!!! kudune pancen ngono dron.. trus menang to?
  15. Sodron : aku menang.....
  16. Sardot : (lego)
  17. sodron : ......
  18. .
  19. .
  20. .
  21. .
  22. .
  23. menang.. is.. semalaman dot.. awakku babak bunyak ra karuan.. hiks.. hiks.. hiks
  24. Sardot tibo ngglimpang trus tangi maneh..
  25. Sardot : kowe pancen ngisin-isinke almamater!!!
  26. Sodron : lha musuhku wong 5 dot..
  27. Sardot : orane aku nyombong yo dron...
  28. Sodron : piye dot?
  29. Sardot : winganane aku mulih sekolah nyegat bis 3/4 to... ndilalah pas aku munggah, penumpange CAH SMK SEBELAH KABEH!!! KEBEK MENCEP!!!!
  30. Sodron : modiar kowe dot!!!
  31. Sardot : sori.. aku ora pengecut koyo kowe..
  32. Sodron : trus piye?
  33. Sardot : bocah-bocah SMK mau podho mendelik kabeh nyawang aku...
  34. Sodron : aduh.. trus piye dot?
  35. Aardot : kiro-kiro 5 menitan mlakune bis.. cah-cah kuwi mulai podho ngadeg karo bisik-bisik trus nyedhaki aku...
  36. Aodron : duh gusti paringono ninja 4 tak.. trus piye?
  37. Sardot : aku ora wedi.. trus melu ngadeg..
  38. Aodron : trus piye dot?
  39. Sardot : raiku adu arep karo munyuk-munyuk kuwi...
  40. Sodron : wah.. sangar.. trus?
  41. Sardot : aku mung muni 2 UKORO TOK.. bocah-bocah kuwi langsung podho mundur dron.. aku diwenehi dalan..
  42. Sodron : mundur?
  43. Sardot : mundur kabeh..
  44. Sodron : Podho wedi dot?
  45. Sardot : wedi kabeh..
  46. Sodron : kowe menang dot?
  47. Sardot : aku menang tanpo reang dron.. sardot kok dilawan.. hehehe..
  48. Sodron : ediaaan!!! jebul kowe nduwe kesaktian yo dot? ckckck
  49. dukunmu wong endi? aku tak melu..
  50. Sardot : lho?? sing sekti ki sopo??
  51. Sodron : lha kuwi jare kowe mung muni 2 UKORO tok njuk mundur kabeh??
  52. Sardot : oh.. nek kuwi uduk sekti dron.. wong aku mung muni.......
  53. .
  54. .
  55. .
  56. .
  57. .
  58. .
  59. .
  60. .
  61. .
  62. .
  63. .
  64. .
  65. .
  66. .
  67. .
  68. .
  69. .
  70. .
  71. .
  72. .
  73. .
  74. .
  75. ...KIRIIIIIII PAAAAAKK !!!!
  76. *Sodron ngemut nisan

comments powered by Disqus